|
SABEN DINTEN SAGED
MUDJUDAKEN PENGALAMAN INGKANG NGÉRAMAKEN TUMRAP TIJANG KRISTEN ingkang
mangertos kanjataning kapenuhan Roh Sutji Ian ingkang gesangipun saben wekdal
tansah mantep pasrah ing tuntunanipun Gusti ingkang maha welas.
Kitab Sutji
nedahaken bilih wonten manungsa tigang werni:
1.MANUNGSA
KADJIWAN (Tetijang ingkang dèrèng nampi Kristus)
Nanging wong kadjiwan iku ora njandak samubarang kang saka Rohé Allah, marga diang-gep kepunggungan, sarta ora
bisa mangerti, marga titènané iku
waton kasukman. (I Korinta 2:14)
(Tetijang ingkang katuntun lan kaparingan kakijatan saking Roh Sutji)
 |
|
| E |
Ego = Ingsun, telenging manah |
 |
Kristus ing sadjawining
gesang |
 |
pepénginan2 kaerèh diri pribadi temah dados
worsuh. |
2.
MANUNGSA KASUKMAN Balik wong kasukman ikuniti samubarang, nanging awaké déwé ora
katiti déning sapa sapaa. (I
Korinta 2:15).
 |
|
 |
Kristus wonten ing sanginggiling dampar gesang
kita. |
 |
pepénginan2 kaerèh déning Allah ingkang Maha Kwasa, temah gesang kita
gadah ener. |
| E |
Ego = Ingsun wonten
ngandap
dampar. |
3.
MANUNGSA KADAGINGAN (Tetijang
ingkang sampun manpi Kristus, ananging gesangipun ampang amargi pitados dateng kekijatanipun pijambak kanggé nggajuh gesang Kristen).
Dadiné aku iki, para sadular, mauné ora bisa
mituturi kowé kaja marang wong kasukman, nanging kaja marang wong kadagingan, kaja marang botjah tjilik ana ing Kristus. Kang
dakgawé ngingoni kowé iku banju susu, dudu pangan kang
akas. Marga nalika iku kowé pada durung kelar. Sanadyan ing saiki ija
durung kelar, awit kowé isih pada kedagingan. Jèn ta ing antaramu
ana rebut unggul lan dredah tuwin pasulajan, iku kowé apa ora pada
kadagingan, lan lakumu apa ora tjara manungsa? (I
Korinta 3 : 1-3).
 |
|
| E |
Ego=Ingsun, telenging
manah |
 |
Kristus wonten ngandap dampar |
 |
sadaja pepénginan kaerèh diri pribadi matemah ndadosaken gesangipun worsuh. |
| 1.
GUSTI ALLAH SAMPUN PARING GESANG KALUBÈRAN INGKANG NGEDALAKEN WOH. |
-
Pangandikané Jésus:
.Aku
iki tekaku supaja para wedus pada, duwéa urip
lan duwéa kalubèran". (Jokanan 10:10)
-
Aku iki wité anggur, kowé
pada pangé. Sapa kang lulus ana, ing Aku, lan Aku ana ing djeroné, iku
kang metu wohé akéh"! (Jokanan 15:5).
-
Balik mungguh pamedalé Roh
iku kajata: katresnan, kabungahan, atut-rukun, kasabaran, paramarta,
kabetjikan, katemenan, sarèh, sumirih. Ora ana angger2 nglawam kang
mengkono iku. (Galati 5:22,23).
-
Nangin samasa wus katedakan
ing Roh Sutji, kowé bakal pada kaparingan kasektèn, temahan pada dadi
seksiKu ana ing Jéusalèm, Ian sawratané tanah Judéa tuwin ing
Samaria, sarta tumeka ing pungkasané bumi.
(Para
Rasul 1:8).
MANUNGSA
KASUKMAN
- Tijang
ingkang pitados ing Allah, nggadahi sipat:
|
Katuntun
Kristus
Kasektèkaken
déning Roh Sutji
Nepangaken
Kristus dateng
tijang sanès
Pandonganipun ndajani
Ngertos sabdanipun Allah
Pitados ing Allah
mBangun
turut ing Allah
|
 |
Katresnan
Kabingahan
Atut rukun
Kasabaran
Kasaénan
Katemenan
Paramarta
|
Unda-usuking sipat, ingkang ketingal
wonten ing gesangipun wau, gumantung
dateng agenging
kapitadosanipun dateng, Allah. Pitados tumrap prakawis2 ingkang alit ugi.
Sipat2 wau ugi gumantung ing kadiwasaning kasukmanipun setjara Kristen. Tetijang
ingkang saweg wiwit mangertos bab tuntunaning Roh Sutji, boten kénging kutjiwa
menawi pijambakipun boten saged ngedalaken woh ingkang sami katahipun kados déné
tijang2 Kristen ingkang sampun
langkung diwasa kesukmanipun, ingkang pangertosan lan pengalamianipun ing bab
punika langkung dangu.
Kénging punapa déné
katah tijang Kristen ingkang boten
ngalami gesang kalubèran?
| 2.
TIJANG KRISTEN KADAGINGAN BOTEN SAGED NGGADAHI GESANG KALUBÈRAN
LAN NGEDALAKEN WOH.
|
Tijang Kristen kadagingan dateng
kekijatanipun pijambak kanggé nggajuh gesang Kristen:
A. Boten
dipun tedahaken bab katresnanipun Allah, utawi
njepèlèkaken sih katresnanipun
Allah, bab pangapuntening dosa tuwin bab kasektèn. (Rum 5:8-10;
Ibrani 10:1-25; I Jokanan 1;2 : 1-3; II Petrus 1:9; Para Rasul 1:8).
B. Pengalaman
gesang kesukmanipun minggah mandap.
C. Boten
saged mangertosi diri pribadinipun pijambak
kepéngin tumindak leres,
malah kebledes.
D. Boten
kasil njuwun kasektènipun Roh Sutji kanggé
nggajuh gesang Kristen. (I Korinta 3:1-3.
Rum 7:15-24; 8:7; Galati 5:16-18).
MANUNGSA KADAGINGAN -
tijang Kristen ingkang boten pitados sawetahipun dateng Allah katah2ipun
nggadahi sipat kados ing ngandap punika:
|
Boten mangertos bab
warisan kasukman
Boten pitados
Boten mbangun turut
Boten tresna dateng Allah
lan sesami
Awis2 ndedonga
Wegah njuraos isining
Kitab
|
 |
Remen dateng pranatan2 Budinipun boten sutji
Kumèrèn
Tansah rumaos lepat
Kuwatos
Alit ing manah
Remen nenatjad
Kutjiwa
Gesang tanpa ener |
(Tetijang ingkang
ngaken Kristen mangka gesangipun tansah nindakaken dosa, kedah ènget bilih
pijambakipun sampun sanès tijang Kristen malih, miturut I
Jokanan 2:3; 3:6,9; Efésus 5:5).
Kanjatan ingkang kaping tiga
nedahaken dateng kita satunggaling margi kanggé ngudari
prakawis wau..........
| 3.
GUSTI JÉSUS PRADJANDJI BADÉ MARINGI GESANG
KALUBÈRAN LAN GESANG NGEDALAKEN WOH DJALARAN KAPENUHAN ING ROH
SUTJI (KATUNTUN LAN KAPARINGAN KASEKTÈN DÉNING ROH SUTJI). |
Gesang kapenuhan ing
Roh Sutji inggih punika gesang ingkang katuntun déning Kristus, lan Kristus
dedalem wonten ing manah kita lan kasektènipun Roh Sutji tumindak medal
saking gesan
kita.(Jokanan 15).
A. Tetijang dados
tijang Kristen amargi kaosikaken déning
Roh Sutji, miturut Jokanan 3 : 1. 8. Wiwit
lair tjara kasukman punika, tijang Kristen wau ladjeng kadunungan
ing Roh Sutji saben wekdal (Jokanan
1 : 12; Kolosé 2 : 9, 10; Jokanan 14 : 16, 17).
Sanadjan sedaja tijang Kristen kadunungan ing Roh Sutji, ananging boten
sadaja tijang Kristen kapenuhan ing
Roh Sutji. (katuntun lan kaparingan kasektèn).
B.
Roh Sutji inggih punika sumbering gesang ingkang ngedalaken toja
gesang (Jokanan 7:37-39).
C.
Roh Sutji rawuh supados Kristus kaluhuraken (Jokanan 16:1-15).
Nalika tijang wau kapenuhan ing Roh
Sutji, tijang wau dados muridipun
Kristus ingkang sedjati.
D. Sabdanipun
ingkang pungkasan nalika badé kasengkakaken dateng swarga.
Kristus pradjandji badé paring
kesektèning Roh Sutji supados kita saged dados seksiniptun Kristus (Para Rasul 1:1-9).
Ladjeng
kados pundi tijang saged kapenuhan ing
Roh Sutji?
| 4.
KITA KAPENUHAN (KATUNTUN LAN KAPARINGAN KASEKTÈN) DÉNING ROH SUTJI
SARANA PITADOS, LADJENG KITA SAGED NGALAMI GESANG KALUBÈRAN LAN
NGEDALAKEN WOH KADOS INGKANG KAPRANDJANDJÈKAKEN DÉNING KRISTUS
DATENG SABEN TIJANG KRISTEN. |
Pandjenengan saged kepenuhan ing Roh
samangké ugi, uger:
A.
Rumaos ngorong sanget supados kapenuhan ing Roh ian kasektèning Roh
(Mateus 5:6; Jokanan 7:37-39).
B.
Ngakeni sedaja dosa pandjenengan.
Sarana pitados, ngaturaken panuwun dateng Allah, déné Pandjenenganipun
paring pangapunten dateng sadaja dosa pandjenenegan ingkang sampun, ingkang saweg, tuwin ingkang badé kalampahan
amargi
Kristus sampun séda kagem pandjenengan. (Kolosé 2; 13-15: I Jokanan
1:1-3; Ibrani 10:1-17).
C. Sarana pitados njuwun kapenuhan ing
Roh Sutji tjunduk, kalijan:
1.
DAWUHIPUN Pada kapenuhana ing Roh.
,,Lan
adja pada mendem anggur....
Nanging pada kapenuhana ing Roh
(Efésus 5:18).
2.
PRADJANDJINIPUN - Pandjenenganipun tansah badé paring
wangsulan menawi pandjenengan ndedonga miturut ing kersanipun. ,,Ana
déné kang dadi kakendelan kita marang
Allah iku mengkéné: Manawa kita pada njuwun apa2
kang njondongi ing kersaNé, mesti pada disembadani. Mangka menawa
kita pada sumurup jèn Allah njembadani marang kita, apa waé kang kita
suwun, dadiné kita pada sumurup jèn mesti pada duwé apa kang wus kita
suwun saka Pandjenengané." (1Jokanan
5:14-15).
Pitados saged dipun pratélakaken wonten ing pandonga....
KADOS
PUNDI NDEDONGA KANTI
PITADOS SUPADOS
NAMPI KAPENUHAN ING ROH.
Kita kapenuhan ing Roh Sutji amargi pitados kémawon. Ewadéné pandonga ingkang leres
mudjudaken satunggiling tjara kanggé nglairaken kapitadosan pandjenengan. Ing ngandap
punika wonten satunggiling tjonto pandonga:
,,Duh Rama, kawula
betah dateng Paduka. Kawula ngakeni bilih kawula tansah ngwasani
gesang kawula, ingkang murugaken kawula dosa wonten ing ngarsa Paduka.
Matur nuwun Rama, déné Paduka sampun kersa ngapunteni dosa kawula
Iumantar sédanipun Gusti Jésus ing kadjeng salib kanggé kawula.
Kawula njuwun mugi Kristus kersa ngerèh gesang kawula malih. Mugi Roh
Paduka menuhi kawula kados dawuh Paduka supados kapenuhana ing Roh,
lan, pradjandji Paduka temtu minangkani ing panjuwun kawula. Kawula
njuwun punika atas asmanipun Gusti Jésus Minangka tjihnaning
kapitadosan kawula, kawula ngaturaken panuwun déné Paduka kersa
nuntun gesang kawula lan kersa menuhi kawula ing Roh Sutji.
Punapa pandonga punika
mranani penggalih pandjenengan? Menawi
leres mekaten sumangga tumungkul lan ndedonga kanti pitados bilih
Allah badé maringi Roh Sutji samangké ugi.
PUNAPA TITIKANIPUN
BlLIH PANDJENENGAN SAMPUN
KAPENUHAN (KATUNTUN
LAN KAPARINGAN KASEKTÈN) DÉNING ROH SUT JI.
Punapa pandjenengan sampun
njuwun dateng Gusti Allah supados kapenuhan ing Roh Sutji? Punapa
pandjenengan mangertos bilih pandjenengan samangké sampun kapenuhan ing
Roh Sutji? Adedasar punapa? (Adedasar kapitadosan dateng
Allah pijambak lan Sabdanipun: lbrani 11:6; Rum 14:22, 23).
Boten kénging gumantung
dateng raos, nanging pradjandji mirid
saking Sabdanipun Allah. Tijang Kristen gesangipun amargi pitados dateng
Allah ingkang kénging pinitados,
saha Pangandikanipun. Gambar sepur ing ngandap punika njanépakaken
sesambetan ing antawisipun kanjatan
(Allah lan Sabdanipun), pitados
(kapitadosan kita dateng Allah lan Sabdanipun), sarta raos
(pikolèhipun pitados lan pambangun turut (Jokanan 14 : 21).
Sepur saged
mlampah, sanadyana tanpa gerbong. Nanging gerbong boten badé saged narik
endas2an. Mekaten ugi gesang Kristen,
sampun ngantos gumantung dateng raos
pangraos kémawon, nanging kedah
pitados dateng Allah
saha pradjandjianipun miturut Sabdanipun.
KADOS PUNDI LUMAMPAH
ING SALEBETING ROH?
Pitados (dateng
Allah sarta pradjandjinipun) punika satunggaling tjara supados
tijang Kristen saged gesang miturut pangrèhipun Roh. Menawi pandjenengan
tansah pitados terus dateng Kristus ing saben wekdal:
A.
Pamedaling Roh ing salebeting gesang pandjenengan saja mindak2
(Galati 5:22, 23); lan badé saja mindak kabangun kados
pasemonipun Kristus (Rum 12:2; II
Korinta 3:18).
B. Gesang pandonga
lan
panggilut-gilut pandjenengan ing Sabdanipun Allah badé saja ndajani
gesang pandjenengan.
C.
Pandjenengan badé kaparingan kasektènipun Gusti kanggé dados;
seksi2nipun (Para Rasul I : 8).
D. Pandjenengan badé tansah sijaga ngadepi samukawis pasulajaning
kasukman lan kadonjan (I Jokanan 2:15-17); pasulajan kadagingan (Galati
5:16,17); lan pasulajan kalijan iblis (I Petrus 5:7-9; Efésus
6: 10-13).
E. Pandjenengan badé
nggadahi kasekténing Roh kanggé
ngadepi panggoda lan dosa
(I Korinta 10:13;
Filipi
4:13; Éfésus 1:19-23; 6:10; II Timotius 1:7; Rum
6:1-16).
NAPAS KASUKMAN
Sarana pitados pandjengan saged
terus ngraosken katresnanipun Allah lan pangapuntenipun Allah.
Menawi pandjenengan
énget dateng
satunggaling bab ing gesang pandjenengan
an (sedya
utawi tumindak) ingkang boten ngrenani panggalihpun Gusti, sanadyana panjenengan
kakanti déning Gusti, lan kepingin sanget ngladosi Gusti , énggal ngaturna
panuwan dateng Allah déné Pandjenenganipun sampun ngapunteni dosa2
pandjenengan ingkang sampun kelampahan, ingkang samangké, lan ingkang badé
kelampahan alandesan sédanipun Kristus wonten ing kadjeng salib. Njuwana
sih katresnanipun Gusti lan pangapuntenipun Gusti sarana pitados Ian tanpa
kendat tansah manunggil kalijan Gusti.
Menawi pandjenengan ngrebat
malih damparing gesang pandjenengan awit pandjenengan damel dosa - satunggiling
tumindak boten bangun turut pandjenengan perlu ambegan tjara kasukman.
AMBEGAN SATJARA
KASUKMAN, (ngadalaken napas, samukawis ingkang, dosa Iln njerot napas
kanggé samukawis ingkang sutji) punika
mudjudaken satunggaling gladèn tumrap kapitadosan ingkang damel pandjengan saged
ngraosaken katresnanipun Allah lan pangapuntenipun.
1.
NGEDALAKEN NAPAS ngakeni dosa pandjenengan
njondongi Gusti Allah ngéngingi dosa pandjenengan lan ngaturaken panuwun
déné Pandjenenganipun kersa paring pangaptunten, miturut
I Jokaman 1:9 lan Ibrani 10: 1-25. Ngakeni dosa atages ugi
mratobat satunggaling éwah2aning sedya lan tumindak.
2.
NJEROT NAPAS - masrahaken tuntunan ing gesang
pandjenengan dateng Kristus lan nampi Roh Sutji kanti pitados. Pitados
bilih Pandjenenganipun samangké ingkang nuntun lan maringi kekijatan
dateng pandjenengan, tjunduk kalijan dawuhipun ing Éfesus 5 : 18
lan pradjandjinipun ing I Jokanan 5: 14, 15.
Menawi buku sebaran punika mranani
panggalih pandjenengan, sumangga kula aturi maringaken utawi maosaken buku
sebaran punika dateng sadèrèk2 sanès.
Majuta-juta
buku sebaran ,,Punapa pandjenengan sampun ngalami . gesang tentrem rahaju amargi
kapenuhan ing Roh Sutji punika sampun dipun sebar mawi basa2
ingkang ageng ing saindenging bawana.
Wusananipun éwon tijang Kristen
ingkang sampun njinau kados pundi sagedipun ngalarni kasektèn tuwin pangrèhing
Roh Sutji saben wekdal. Sarana gesang kalubèran kados déné ingkang kapradjandjèkaken
dèning Gusti Jésus Kristus punika lan kados déné ingkang sami dipun alami
samangké, tetijang punika langkung saged anggènipun ngandaraken dateng tijang2 sanés bab kapitadosanipun ing
Kristus.
Pangalaman punika ngantepaken kajektèn
dawuhipun Gusti Jésus dateng para sachabat supados tengga ngantos sami
kaparingan kasektèn déning Roh Sutji, sadèrèngipun késah nggelaraken kabar
kebingahan bab katresnanipun lan pangapuntenipun Gusti.
Katah tijang Kristen menawi sampun
njumerepi kanjatan bab Roh Sutji punika sami kepèngin tumut2 kanti mempeng
wonten ing pakarjan nggelaraken Indjil tuwin mbijantu ngleksanani Patimbalan
Ageng ing djarnan sarnangké.
WILLIAM R. BRIGHT
Lembaga Pengindjilan Mahasiswa Internasional. |

|
|
|