SABEN DINTEN SAGED MUDJUDAKEN PENGALAMAN INGKANG NGÉRAMAKEN TUMRAP TIJANG KRISTEN ingkang mangertos kanjataning kapenuhan Roh Sutji Ian ingkang gesangipun saben wekdal tansah mantep pasrah ing tuntunanipun Gusti ingkang maha welas.
Kitab Sutji nedahaken bilih wonten manungsa tigang werni:
1.MANUNGSA KADJIWAN (Tetijang ingkang dèrèng nampi Kristus)
„Nanging wong kadjiwan iku ora njandak samubarang kang saka Rohé Allah, marga diang-gep kepunggungan, sarta ora bisa mangerti, marga titènané iku waton kasukman.” (I Korinta 2:14)
(Tetijang ingkang katuntun lan kaparingan kakijatan saking Roh Sutji)
![]() |
E |
Ego = Ingsun, telenging manah | ||
| Kristus ing sadjawining gesang | ||||
| pepénginan2 kaerèh diri pribadi temah dados worsuh. |
2. MANUNGSA KASUKMAN „Balik wong kasukman ikuniti samubarang, nanging awaké déwé ora katiti déning sapa sapaa.” (I Korinta 2:15).
![]() |
Kristus wonten ing sanginggiling dampar gesang kita. | |||
| pepénginan2 kaerèh déning Allah ingkang Maha Kwasa, temah gesang kita gadah ener. | ||||
| E |
Ego = Ingsun wonten ngandap dampar |
3. MANUNGSA KADAGINGAN (Tetijang ingkang sampun manpi Kristus, ananging gesangipun ampang amargi pitados dateng kekijatanipun pijambak kanggé nggajuh gesang Kristen).
„Dadiné aku iki, para sadular, mauné ora bisa mituturi kowé kaja marang wong kasukman, nanging kaja marang wong kadagingan, kaja marang botjah tjilik ana ing Kristus. Kang dakgawé ngingoni kowé iku banju susu, dudu pangan kang akas. Marga nalika iku kowé pada durung kelar. Sanadyan ing saiki ija durung kelar, awit kowé isih pada kedagingan. Jèn ta ing antaramu ana rebut unggul lan dredah tuwin pasulajan, iku kowé apa ora pada kadagingan, lan lakumu apa ora tjara manungsa?” (I Korinta 3 : 1-3).
![]() |
E |
Ego=Ingsun, telenging manah | ||
| Kristus wonten ngandap dampar | ||||
| sadaja pepénginan kaerèh diri pribadi matemah ndadosaken gesangipun worsuh. |
1. GUSTI ALLAH SAMPUN PARING GESANG KALUBÈRAN INGKANG NGEDALAKEN WOH.
- Pangandikané Jésus: „….Aku iki tekaku supaja para wedus pada, duwéa urip lan duwéa kalubèran". (Jokanan 10:10)
- „Aku iki wité anggur, kowé pada pangé. Sapa kang lulus ana, ing Aku, lan Aku ana ing djeroné, iku kang metu wohé akéh"! (Jokanan 15:5).
- „Balik mungguh pamedalé Roh iku kajata: katresnan, kabungahan, atut-rukun, kasabaran, paramarta, kabetjikan, katemenan, sarèh, sumirih. Ora ana angger2 nglawam kang mengkono iku”. (Galati 5:22,23).
- „Nangin samasa wus katedakan ing Roh Sutji, kowé bakal pada kaparingan kasektèn, temahan pada dadi seksiKu ana ing Jéusalèm, Ian sawratané tanah Judéa tuwin ing Samaria, sarta tumeka ing pungkasané bumi”. (Para Rasul 1:8).
MANUNGSA KASUKMAN
- Tijang ingkang pitados ing Allah, nggadahi sipat:| – Katuntun Kristus – Kasektèkaken déning Roh Sutji – Nepangaken Kristus dateng tijang sanès – Pandonganipun ndajani – Ngertos sabdanipun Allah – Pitados ing Allah – mBangun turut ing Allah |
![]() |
Katresnan Kabingahan Atut rukun Kasabaran Kasaénan Katemenan Paramarta |
Unda-usuking sipat, ingkang ketingal wonten ing gesangipun wau, gumantung dateng agenging kapitadosanipun dateng, Allah. Pitados tumrap prakawis2 ingkang alit ugi. Sipat2 wau ugi gumantung ing kadiwasaning kasukmanipun setjara Kristen. Tetijang ingkang saweg wiwit mangertos bab tuntunaning Roh Sutji, boten kénging kutjiwa menawi pijambakipun boten saged ngedalaken woh ingkang sami katahipun kados déné tijang2 Kristen ingkang sampun langkung diwasa kesukmanipun, ingkang pangertosan lan pengalamianipun ing bab punika langkung dangu.
Kénging punapa déné katah tijang Kristen ingkang boten ngalami gesang kalubèran?
2. TIJANG KRISTEN KADAGINGAN BOTEN SAGED NGGADAHI GESANG KALUBÈRAN LAN NGEDALAKEN WOH.
Tijang Kristen kadagingan dateng kekijatanipun pijambak kanggé nggajuh gesang Kristen:
A. Boten dipun tedahaken bab katresnanipun Allah, utawi njepèlèkaken sih katresnanipun Allah, bab pangapuntening dosa tuwin bab kasektèn. (Rum 5:8-10; Ibrani 10:1-25; I Jokanan 1;2 : 1-3; II Petrus 1:9; Para Rasul 1:8).
B. Pengalaman gesang kesukmanipun minggah mandap.
C. Boten saged mangertosi diri pribadinipun pijambak – kepéngin tumindak leres, malah kebledes.
D. Boten kasil njuwun kasektènipun Roh Sutji kanggé nggajuh gesang Kristen. (I Korinta 3:1-3. Rum 7:15-24; 8:7; Galati 5:16-18).
MANUNGSA KADAGINGAN
tijang Kristen ingkang boten pitados sawetahipun dateng Allah katah2ipun nggadahi sipat kados ing ngandap punika:| – Boten mangertos bab warisan kasukman – Boten pitados – Boten mbangun turut – Boten tresna dateng Allah lan sesami – Awis2 ndedonga – Wegah njuraos isining Kitab |
![]() |
Remen dateng pranatan2 Budinipun boten sutji Kumèrèn Tansah rumaos lepat Kuwatos Alit ing manah Remen nenatjad Kutjiwa Gesang tanpa ener |
(Tetijang ingkang ngaken Kristen mangka gesangipun tansah nindakaken dosa, kedah ènget bilih pijambakipun sampun sanès tijang Kristen malih, miturut I Jokanan 2:3; 3:6,9; Efésus 5:5).
Kanjatan ingkang kaping tiga nedahaken dateng kita satunggaling margi kanggé ngudari prakawis wau..........
3. GUSTI JÉSUS PRADJANDJI BADÉ MARINGI GESANG KALUBÈRAN LAN GESANG NGEDALAKEN WOH DJALARAN KAPENUHAN ING ROH SUTJI (KATUNTUN LAN KAPARINGAN KASEKTÈN DÉNING ROH SUTJI).
Gesang kapenuhan ing Roh Sutji inggih punika gesang ingkang katuntun déning Kristus, lan Kristus dedalem wonten ing manah kita lan kasektènipun Roh Sutji tumindak medal saking gesan kita.(Jokanan 15).
A. Tetijang dados tijang Kristen amargi kaosikaken déning Roh Sutji, miturut Jokanan 3 : 1. 8. Wiwit lair tjara kasukman punika, tijang Kristen wau ladjeng kadunungan ing Roh Sutji saben wekdal (Jokanan 1 : 12; Kolosé 2 : 9, 10; Jokanan 14 : 16, 17). Sanadjan sedaja tijang Kristen kadunungan ing Roh Sutji, ananging boten sadaja tijang Kristen kapenuhan ing Roh Sutji. (katuntun lan kaparingan kasektèn).
B. Roh Sutji inggih punika sumbering gesang ingkang ngedalaken toja gesang (Jokanan 7:37-39).
C. Roh Sutji rawuh supados Kristus kaluhuraken (Jokanan 16:1-15). Nalika tijang wau kapenuhan ing Roh Sutji, tijang wau dados muridipun Kristus ingkang sedjati.
D. Sabdanipun ingkang pungkasan nalika badé kasengkakaken dateng swarga. Kristus pradjandji badé paring kesektèning Roh Sutji supados kita saged dados seksiniptun Kristus (Para Rasul 1:1-9).
Ladjeng kados pundi tijang saged kapenuhan ing Roh Sutji?
4. KITA KAPENUHAN (KATUNTUN LAN KAPARINGAN KASEKTÈN) DÉNING ROH SUTJI SARANA PITADOS, LADJENG KITA SAGED NGALAMI GESANG KALUBÈRAN LAN NGEDALAKEN WOH KADOS INGKANG KAPRANDJANDJÈKAKEN DÉNING KRISTUS DATENG SABEN TIJANG KRISTEN.
Pandjenengan saged kepenuhan ing Roh samangké ugi, uger:
A. Rumaos ngorong sanget supados kapenuhan ing Roh ian kasektèning Roh (Mateus 5:6; Jokanan 7:37-39).
B. Ngakeni sedaja dosa pandjenengan. Sarana pitados, ngaturaken panuwun dateng Allah, déné Pandjenenganipun paring pangapunten dateng sadaja dosa pandjenenegan – ingkang sampun, ingkang saweg, tuwin ingkang badé kalampahan – amargi Kristus sampun séda kagem pandjenengan. (Kolosé 2; 13-15: I Jokanan 1:1-3; Ibrani 10:1-17).
C. Sarana pitados njuwun kapenuhan ing Roh Sutji tjunduk, kalijan:
1. DAWUHIPUN – Pada kapenuhana ing Roh. ,,Lan adja pada mendem anggur....… Nanging pada kapenuhana ing Roh” (Efésus 5:18).
2. PRADJANDJINIPUN - Pandjenenganipun tansah badé paring wangsulan menawi pandjenengan ndedonga miturut ing kersanipun. ,,Ana déné kang dadi kakendelan kita marang Allah iku mengkéné: Manawa kita pada njuwun apa2 kang njondongi ing kersaNé, mesti pada disembadani. Mangka menawa kita pada sumurup jèn Allah njembadani marang kita, apa waé kang kita suwun, dadiné kita pada sumurup jèn mesti pada duwé apa kang wus kita suwun saka Pandjenengané." (1Jokanan 5:14-15).
Pitados saged dipun pratélakaken wonten ing pandonga....
KADOS PUNDI NDEDONGA KANTI PITADOS SUPADOS NAMPI KAPENUHAN ING ROH.
Kita kapenuhan ing Roh Sutji amargi pitados kémawon. Ewadéné pandonga ingkang leres mudjudaken satunggiling tjara kanggé nglairaken kapitadosan pandjenengan. Ing ngandap punika wonten satunggiling tjonto pandonga:
,,Duh Rama, kawula betah dateng Paduka. Kawula ngakeni bilih kawula tansah ngwasani gesang kawula, ingkang murugaken kawula dosa wonten ing ngarsa Paduka. Matur nuwun Rama, déné Paduka sampun kersa ngapunteni dosa kawula Iumantar sédanipun Gusti Jésus ing kadjeng salib kanggé kawula. Kawula njuwun mugi Kristus kersa ngerèh gesang kawula malih. Mugi Roh Paduka menuhi kawula kados dawuh Paduka supados kapenuhana ing Roh, lan, pradjandji Paduka temtu minangkani ing panjuwun kawula. Kawula njuwun punika atas asmanipun Gusti Jésus Minangka tjihnaning kapitadosan kawula, kawula ngaturaken panuwun déné Paduka kersa nuntun gesang kawula lan kersa menuhi kawula ing Roh Sutji”.Punapa pandonga punika mranani penggalih pandjenengan? Menawi leres mekaten sumangga tumungkul lan ndedonga kanti pitados bilih Allah badé maringi Roh Sutji samangké ugi.
PUNAPA TITIKANIPUN BlLIH PANDJENENGAN SAMPUN KAPENUHAN (KATUNTUN LAN KAPARINGAN KASEKTÈN) DÉNING ROH SUT JI.
Punapa pandjenengan sampun njuwun dateng Gusti Allah supados kapenuhan ing Roh Sutji? Punapa pandjenengan mangertos bilih pandjenengan samangké sampun kapenuhan ing Roh Sutji? Adedasar punapa? (Adedasar kapitadosan dateng Allah pijambak lan Sabdanipun: lbrani 11:6; Rum 14:22, 23).
Boten kénging gumantung dateng raos, nanging pradjandji mirid saking Sabdanipun Allah. Tijang Kristen gesangipun amargi pitados dateng Allah ingkang kénging pinitados, saha Pangandikanipun. Gambar sepur ing ngandap punika njanépakaken sesambetan ing antawisipun kanjatan (Allah lan Sabdanipun), pitados (kapitadosan kita dateng Allah lan Sabdanipun), sarta raos (pikolèhipun pitados lan pambangun turut (Jokanan 14 : 21).
Sepur saged mlampah, sanadyana tanpa gerbong. Nanging gerbong boten badé saged narik endas2an. Mekaten ugi gesang Kristen, sampun ngantos gumantung dateng raos pangraos kémawon, nanging kedah pitados dateng Allah saha pradjandjianipun miturut Sabdanipun.
KADOS PUNDI LUMAMPAH ING SALEBETING ROH?
Pitados (dateng Allah sarta pradjandjinipun) punika satunggaling tjara supados tijang Kristen saged gesang miturut pangrèhipun Roh. Menawi pandjenengan tansah pitados terus dateng Kristus ing saben wekdal:
A. Pamedaling Roh ing salebeting gesang pandjenengan saja mindak2 (Galati 5:22, 23); lan badé saja mindak kabangun kados pasemonipun Kristus (Rum 12:2; II Korinta 3:18).
B. Gesang pandonga lan panggilut-gilut pandjenengan ing Sabdanipun Allah badé saja ndajani gesang pandjenengan.
C. Pandjenengan badé kaparingan kasektènipun Gusti kanggé dados; seksi2nipun (Para Rasul I : 8).
D. Pandjenengan badé tansah sijaga ngadepi samukawis pasulajaning kasukman lan kadonjan (I Jokanan 2:15-17); pasulajan kadagingan (Galati 5:16,17); lan pasulajan kalijan iblis (I Petrus 5:7-9; Efésus 6: 10-13).
E. Pandjenengan badé nggadahi kasekténing Roh kanggé ngadepi panggoda lan dosa (I Korinta 10:13; Filipi 4:13; Éfésus 1:19-23; 6:10; II Timotius 1:7; Rum 6:1-16).
NAPAS KASUKMAN
Sarana pitados pandjengan saged terus ngraosken katresnanipun Allah lan pangapuntenipun Allah.
Menawi pandjenengan énget dateng satunggaling bab ing gesang pandjenengan an (sedya utawi tumindak) ingkang boten ngrenani panggalihpun Gusti,– sanadyana panjenengan kakanti déning Gusti, lan kepingin sanget ngladosi Gusti –, énggal ngaturna panuwan dateng Allah déné Pandjenenganipun sampun ngapunteni dosa2 pandjenengan – ingkang sampun kelampahan, ingkang samangké, lan ingkang badé kelampahan – alandesan sédanipun Kristus wonten ing kadjeng salib. Njuwana sih katresnanipun Gusti lan pangapuntenipun Gusti sarana pitados Ian tanpa kendat tansah manunggil kalijan Gusti.
Menawi pandjenengan ngrebat malih damparing gesang pandjenengan awit pandjenengan damel dosa - satunggiling tumindak boten bangun turut – pandjenengan perlu ambegan tjara kasukman.
AMBEGAN SATJARA KASUKMAN, (ngadalaken napas, samukawis ingkang, dosa Iln njerot napas kanggé samukawis ingkang sutji) punika mudjudaken satunggaling gladèn tumrap kapitadosan ingkang damel pandjengan saged ngraosaken katresnanipun Allah lan pangapuntenipun.
1. NGEDALAKEN NAPAS –– ngakeni dosa pandjenengan – njondongi Gusti Allah ngéngingi dosa pandjenengan lan ngaturaken panuwun déné Pandjenenganipun kersa paring pangaptunten, miturut
I Jokaman 1:9 lan Ibrani 10: 1-25. Ngakeni dosa atages ugi mratobat –– satunggaling éwah2aning sedya lan tumindak.
2. NJEROT NAPAS - masrahaken tuntunan ing gesang pandjenengan dateng Kristus lan nampi Roh Sutji kanti pitados. Pitados bilih Pandjenenganipun samangké ingkang nuntun lan maringi kekijatan dateng pandjenengan, tjunduk kalijan dawuhipun ing Éfesus 5 : 18 lan pradjandjinipun ing I Jokanan 5: 14, 15.
Menawi buku sebaran punika mranani panggalih pandjenengan, sumangga kula aturi maringaken utawi maosaken buku sebaran punika dateng sadèrèk2 sanès.
Majuta-juta buku sebaran ,,Punapa pandjenengan sampun ngalami . gesang tentrem rahaju amargi kapenuhan ing Roh Sutji” punika sampun dipun sebar mawi basa2 ingkang ageng ing saindenging bawana.
Wusananipun éwon tijang Kristen ingkang sampun njinau kados pundi sagedipun ngalarni kasektèn tuwin pangrèhing Roh Sutji saben wekdal. Sarana gesang kalubèran kados déné ingkang kapradjandjèkaken dèning Gusti Jésus Kristus punika lan kados déné ingkang sami dipun alami samangké, tetijang punika langkung saged anggènipun ngandaraken dateng tijang2 sanés bab kapitadosanipun ing Kristus.
Pangalaman punika ngantepaken kajektèn dawuhipun Gusti Jésus dateng para sachabat supados tengga ngantos sami kaparingan kasektèn déning Roh Sutji, sadèrèngipun késah nggelaraken kabar kebingahan bab katresnanipun lan pangapuntenipun Gusti.
Katah tijang Kristen menawi sampun njumerepi kanjatan bab Roh Sutji punika sami kepèngin tumut2 kanti mempeng wonten ing pakarjan nggelaraken Indjil tuwin mbijantu ngleksanani Patimbalan Ageng ing djarnan sarnangké.
WILLIAM R. BRIGHT
Lembaga Pengindjilan Mahasiswa Internasional.
Whether you've prayed to be Filled with the Holy Spirit or still have some questions, please click here and tell us about it. We would love to hear from you and help you grow in your faith!


